A. PILIHAN GANDA 1. Seratan ingkang nggambaraken salah satunggaling bab kanthi peprincen ingkang cetha dipunwastani . . . a. Waosan narasi b. Waosan deskripsi c. Waosan argumentasi d. Waosan eksposisi 2. Ing ngandhap menika ingkang kalebet adat kabudayan Jawi ingkang taksih katindakaken ing masyarakat kejawi . . . a. Mitoni b. Brokohan c. Pupakan d. Tanggap warsa 3. Nalika ibu mbobot 7 wulan dipuntindakaken upacara . . . a. Mitoni b. Brokohan c. Pupakan d. Sepasaran 4. Gambar ing nginggil nedahaken bilih . . . a. Gesang menika boten gampil nanging mesthi wonten alangan b. Menawi gesang kedah saestu manteb c. Gesang punika kedah saged nggadhahi pedamelan benjangipun d. Saged njunjung drajadipun tiyang sepuh 5. Supados ing donya menika lare saged ngadhepi gesang ingkang saestu mantep ing upacara Tedhak siten dipunlambangaken nalika lare . . . a. Tedhak jadah warni 7 b. Munggah andha tebu arjuna c. Mlebet kurungan d. siraman 6. Saderengipun nindakaken hajatan nikahan, ingkang kagungan damel kedah . . . a. Pasang tratak b. Pasang tarub c. Pasang sesaji d. Pasang listrik 7. Upacara siraman dipuntindakaken sakderengipun calon pinanganten nindakaken . . . a. Pasang tarub b. Midodareni c. Nglamar d. Ijab qobul 8. Saderengipun jenasah dipunbekta dhateng sarean dipunwontenaken acara . . . a. Nyewu b. Mendhak c. Brobosan d. Brokohan 9. Gambar klapa segandheng ing nginggil nedahaken bilih supados bayi nalika lair kados . . . a. Dewa Kamajaya lan Dewi Kumaratih b. Rahwana lan Sarpakenaka c. Prabu Dasarata lan Dewi Kosalnya d. Lesmana lan Dewi Sinta 10. Pasang tarub, siraman, midodareni, lan akad nikah punika urut-urutanipun adat budaya Jawi . . . a. Mitoni b. Brokohan c. Nikahan d. Tedhak siten Waosan punika kangge soal nomer 11-15! KIDANG KENCANA Raden Rama punika putra pambajengipun Prabu Dasarata, raja ing Ayodya kaliyan Dewi Kosalya. Ing satunggaling dinten Raden Rama ngumbara sesarengan kaliyan ingkang garwa, Dewi Sinta, lan ingkang rayi Raden Lesmana. Nalika tetiganipun dumugi ing wana, Dewi Sinta pirsa kumlebeting kidang kencana, kidang ingkang werni mas. Kidang kalawau kekiter ing sacelaking papan kalawau. Rumaos kasengsem endahing kidang kencana, Dewi Sinta nyuwun dhateng ingkang garwa supados dipuncepengaken kidang kalawau. Awit tresnanipun dhateng garwa mila Raden Rama enggal mbujeng kidang kencana. Rumaos dipunbujeng, kidang kencana enggal lumebet ing wana. Raden Rama mbujeng kidang kencana lumebet wana saengga pisah kaliyan ingkang garwa lan ingkang rayi. (Kapethik saking Memetri Bahasa Jawa kaca 31) 11. Dewi Sinta ngantos kasengsem nalika wonten ing wana, amargi pirsa wonten . . . a. Kreta kencana b. Kidang kencana c. Anoman d. Bala raseksa 12. Raja ing negeri Ayodya inggih punika Prabu . . . a. Rahwana b. Dasarata c. Janaka d. Manthili 13. Amargi Raden Rama mbujeng kidang kencana lumebet wana saengga pisah kaliyan ingkang garwa lan ingkang rayi inggih punika . . . a. Lesmana lan Satrugna b. Kalamarica lan Dasarata c. Sinta lan Lesmana d. Kalamarica lan Sarpakenaka 14. Tiyang sepahipun Raden Rama inggih punika . . . a. Dewi Sinta lan Prabu Lesmana b. Dewi Kosalya lan Prabu Dasarata c. Dewi Satrugna lan Prabu Rahwana d. Dewi Kosalya lan Raden Lesmana 15. Tegesipun kencana inggih punika . . . a. Kuning b. Emas c. Perak d. Kewan Waosan punika kangge soal nomer 16-20! EMPRIT SAJODHO NGREMBUG PAKDHE TANI Ing alas sacedhake sawah, ana manuk emprit sajodho nusuh ing pange wit pelem. Nuju sawijining esuk, dhidhis ing panasan sinambi rerembugan. Ujare manuk wedok : ‘Pakne, susuhe mbok didandani. Mau bengi, aku sasat ora bisa turu saking atise. Angine sembribit metu ing sela-selane suket. Banyune udan gumgrajag kaya grojogan, nyiprat menyang awak pating pletok, rasane kaya dibadhemi nganggo es prongkol.” Witekna arep dikapakna, paring Sing Kuwasa lagi kaya ngene kok. Lah wong aku miber rana rene, swiwiku rasane nganti kaya sempal-sempala, olehku ngudi entuk suket, ewasemono ora mrangguli sakeler bae,” Wangsulane manuk lanang. (Kapethik saking Memetri Bahasa Jawa kaca 41) 16. Paraga utama wonten ing cariyos inggih punika . . . a. Pakdhe tani b. Manuk emprit c. Manuk emprit sajodho d. Manuk emprit lan pakdhe tani 17. Tembung mrangguli tegesipun . . . a. Nemoni b. Ketemu c. Milih d. Weruh 18. Pepinginan manuk wedok inggih punika . . . a. Pindah susuh b. Damel susuh enggal c. Dibandhemi es prongkol d. Miber rana-rene 19. Tembung sakeler tegesipun . . . a. Sewiji b. Satumpuk c. Saember d. Sagepok 20. Ukara ingkang nedhahaken bilih kahanan ndalu punika atis banget inggih punika kajawi . .. a. Angine sembribit metu ing sela-selane suket b. Rasane kaya dibandhemi nganggo es prongkol c. Swiwiku rasane nganti kaya sempal-sempala d. Banyune udan gumrajag kaya grojogan 21. Menawi tiyang sepuh kaliyan tiyang enem rembagan ngginakaken basa . . . a. Ngoko lugu b. Ngoko alus c. Krama lugu d. Krama alus 22. Kangge tiyang ingkang sampun rumaket ananging kanthi raos ngurmati, pramila ngginakaken basa . . . a. Ngoko lugu b. Ngoko alus c. Karma lugu d. Karma alus Pacelathon kangge soal nomer 23 lan 24! Gibran : “Nuwun sewu Bu Fatmah, kula dipundhawuhi Pak Kabul mendhet buku Basa Inggris”. Bu Fatmah : “O, Iya kae bukune ana ing meja kerjane Pak Kabul, coba dijupuk kana!” 23. Pacelathon ing nginggil, basa ingkang kaginakaken dening Wulan inggih punika basa . . . a. Ngoko lugu b. Ngoko alus c. Krama lugu d. Krama alus 24. Pacelathon nginggil, basa ingkang kaginakaken dening Bu Azizah inggih punika basa . . . a. Ngoko lugu b. Ngoko alus c. Krama lugu d. Krama alus 25. Ibu . . . sekul megono, Mbak Anggi . . . roti bakar. Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebut inggih punika . . . a. Maem, nedha b. Nedha, maem c. Maem, maem d. Nedha, nedha 26. Bapak tindhak Solo kalawau enjing. Aku . . . sekolah jam 7 isuk. Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebut inggih punika . . . a. Tindhak b. Menyang c. Maring d. Mangkat 27. Kiptiyah mangkat sekolah numpak Bis. Bu Odhi tindhak sekolah . . . mobil. Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebut inggih punika . . . a. Numpak b. Naik c. Nitih d. Bidhal 28. B. BENAR/SALAH 1. Wilujengan nalika lare umur 8 tahun dipunwastani windon. 2. Lek-lekan ingkang dipun rawuhi sanak kadang lan tangga tepalih dipun wastani pasang tarub. 3. Brobosan menika minangka laku mbungkuk medal ngandhapipun jenazah saderengipun dipunmakamaken. 4. Manut kapitadosan tiyang jawi, bilih siti menika teges ghoib lan dipunjagi dening Bathara Kala. 5. Pasang tarub, siraman, midodareni, menika urut-urutan upacara adat saderengipun Ijab Kobul. 6. Kidang Kencana sejatosipun panjilmaanipun saking raseksa Sarpakenaka. 7. Raja ing Ayodya inggih punika Prabu Rahwana. 8. Ingkang atur kabar menawi Dewi Sinta kadhusta Raja Alengka inggih punika Jatayu. 9. Raden Rama punika Larenipun Prabu Dasarata kaliyan Dewi Kekayi. 10. Swanten ingkang nyarengi kaliyan ngglundhunging kidang kencana menika swantenipun Kalamarica ingkang angemba swantenipun Raden Lesmana. C. MENJODOHKAN 1. a. Jatayu Upacara kangge lare umur 7 Lapan Lek-lekan ingkang dipunrawuhi sanak kadang lan 2. b. pengaron tangga tepalih 3. c. tedhak siten Upacara adat nalika Ibu mbobot 7 wulan 4. d. Kidang kencana Nggambaraken undhak-undakan gesangipun lare 5. e. midodareni Kwali isi sekar setaman 6. f. Rahwana Lemah, siti g. munggah andha tebu 7. Dewi Sinta kadhusta dening Raja ALengka Arjuna 8. h. Bantala Raja Ing Negari Ayodya Satunggaling peksi ingkang paring kabar Dewi Sinta 9. i. mitoni kadhusta Raja Alengka 10. Kalamarica memba-memba dados satunggaling wujud j. Dasarata D. JAWABLAH PERTANYAAN BERIKUT DENGAN BENAR DAN JELAS ! 1. Kasebatna lan katrangna urut-urutanipun upacara adat tedhak siten! 2. Jlentrehke piwulang ingkang saged kapethik saking cerita wayang kidang kencana! 3. Gawea pacelathon kaliyan tiyang sepuh kanthi tema “ nyuwun arto sangu”! 4. Salinen ukara ngandhap punika ngginakaken Basa Jawi ingkang trep lan leres! a. Bapak pergi ke kantor naik sepeda motor. b. Tante Tuti pergi kepasar membeli apel dan jeruk. 5. Salinen ukara ing ngandhap menika ngginakaken aksara Jawa! Arina tuku kertas werna ijo “Sinau jujur, lan apa anane”