MAKALAH BASA JAWI WEWALER (GUGON TUHON) Diatur |Dening : Nama Anggota : 1. Daru Nugroho Jati (07) 2. Alfi Nurrohmah (03) 3. Riris Noviani ibu Budi Roemaniati S.Pd 4. Sinta Putri Lestari SMA NEGERI 1 WONOSEGORO TAHUN PELAJARAN 2021/2022 Atur Prawacana Alhamdulillah, puji syukur panyerat aturaken wonten ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung sahengga laporan punika saged kasusun kanthi sae. Boten kesupen kula aturaken matur sembah nuwun kagem tiyang sepuh kawula ingkang tansah paring donga pangestu saha para dwija ingkang sampun paring kawruh lan seserepan sahengga laporan ingkang kasusun sae punika saged purna. Laporan karya tulis kanthi irah-irahan "Wewaler (Gugon Tuhon)" punika minangka salah satunggaling sarana gladhen nyerat. Laporan menika kasusun kagem njangkepi tugas semester II mata pelajaran basa Jawa. Mugi-mugi laporan ingkang kaserat dening panyerat menika saged paring mapinten-pinten manfaat dumateng para sinten kemawon ingkang maos. Kula minangka panyerat ugi kathah kakirangan, pramila panyaruwe saha panyendu tansah kula antu-antu. Kedung Jati, 20 Februari 2021 DAFTAR ISI BAB 1 PAMBUKA 1.1 1.2 1.3 1.4 Latar Belakang Rumusan Masalah Tujuan Panyeraratan Manfaat Panyeratan BAB 2 Wedharan 2.1 Wewaler ( Gugon Tuhon) 2.2 Gugon Tuhon 2.3 Asaling Tembung Gugon Tuhon 2.4 Jinising Gugon Tuhon 2.5 Contoh Gugon Tuhon BAB 3 Panutup 3.1 Daftar Pustaka BAB 1 PAMBUKA 1.1 Latar Belakang Wewaler yaiku Unen Unen kang isine larangan utawa pepacuh nindakake sawijine tumindak, amarga tumindak iku dianggep ora becik ditindakake. 1.2 Rumusan Masalah Adhedhasar Latar belakang Ing duwur, manika ingkang dadi masalah yaiku “ apa iku Wewaler?, Apa iku gugon Tuhon?, Lan contoh wewaler,”. 1.3 Tujuan Panyeratan Tujuan Ingkang panulisan makalah niki yaiku kangge, Mangertosi wewaler, gugon tuhon Lan Contoh Wewaler. 1.4 Manfaat Panyeratan Panyeratan makalah niki dipun harapaken maringi manfaat kangge pamoco mangertosi wewaler, gugon tuhon, lan contoh wewaler. BAB 2 WEDHARAN 2.1 Wewaler Wewaler menika salah satunggaling kabudayan jawi ingkang awujud pitutur luhur. Pitutur menika boten namung awujud ujaran utawi panyaruwe mawi lisan, nanging saged awujud menapa kemawon. Wonten ing gugon tuhon kathah ingkang awujud pitutur para tiyang sepuh dhumateng putranipun. Wonten ing gugon tuhon yaiku kapercayan wong jawa marang sawenehing bab utawa prakara kang ora tinemunalar. Tumrape wong jawa kang percaya utawa ngandel tansah duwe rasa was sumelang menawa ora bisa nyranani utawa nyembadani prakara kang dianggep mbebayani iku. Kathah ingkang nggadhahi pamanggih ingkang beda babagan gugon tuhon, amargi gugon tuhon kemawon wujudipun warni-warni. 2.2 Gugon Tuhon Gugon tuhon utawi wonten ing madyaning masarakat jawa dipunwastani pepali utawi larangan. Gugon tuhon punika kalebet kapitadosan ingkang sampun wonten saking jaman rumiyin. Gugon tuhon inggih punika kapitayan utawi kapitadosan marang sawenehing bab utawi prakawis ingkang boten tinemu wonten ing nalsr. Tumprapipun tiyang pitados tansah gadhah raos sumelang manawi boten saged nyembadani prekawis ingkang ingkang dipunanggep mbebayani punika 2.3 Asaling Tembung Gugon Tuhon Gugon asalé saking tembung gugu. Manawi tuhon saking tembung tuhu 2.4 Jinising Gugon Tuhon 1. Gugon Tuhon ingkang salugu Inggih punika lare utawi tiyang ingakng dados mangsanipun Bathara kala miturut dongèng inggi punika bocah sukreta. Miturut kapitadosan lare punika saged waluya lan lestari bilih dipunruwat kanthi dipuntanggapaken wayang kanthi lakon Amurwa kala. Ingkang kalebet bocah sukreta inggih punika: Bocah Ontang-anting : putranipun namung satunggal, priya. Bocah Unting-Unting : putranipun namung satunggal, putri. Bocah Kendhana-Kendhini: putra kalih, ingkang sepuh priya lajeng ingkang enem putri. Bocah Kembang Sepasang : putra kalih putri sadaya. Bocah Uger-Uger lawang : putra kalih ppriya sadaya. Bocah Pancuran Kapit sendhang : putra tiga, putri priya putri. Bocah Sendhang Kapit Pancuran : putra tiga, priya putri priya. 1. Gugon tuhon wasita sinandhi inggih punika ingkang kalebet pitutur ingkag boten kalairaken kanthi melok. Langkung kathah ngginakaken tembung "boten ilok" ingkang sejatinipun ngemu teges boten becik. ingkang kalebet gugon tuhon wasita sinandhi inggih punika: Ampun ngidoni Sumur mundhak suwing tutukipun. Manawi wewehan dipunjaluk malih gulunipun gondhoken. Boten pareng lenggah wonten Bantal mundhak wudunen Boten pareng dhahar wonten peturon mundhak gudhigen 1. Gugon tuhon ingkang kalebet wewaler inggih punika wewaler saking leluhur utawi tiyang ingkang dados cikal bankal wonten panggènan punika. Amargi leluhur wau sampun naté nemu cilaka amargi nindhakaken sawijining bab, lajeng migunakaken Wewaler dhumateng anak putunipun supados boten tumut nindhakaken Tuladha : Tiyang wonten ing Banyumas boten angsal kesah wonten ing dina setu paing Miturut cariyosipun : Sang Adipati ing banyumas manggih cilaka tindakan wonten ing dinten Setu paing. Sang Adipati banjur paring pangandikan maran putra wayah saha para kawulanipun. 2.5 Contoh Gugon Tuhon 1. Bandha kang resik iku bandha kang saka nyambut gawe lan ora soko ngrusak liyan. Dene bandha kang ora resik iku bandha soko colonga 2. Kadonyan kang ala iku ateges mung ngangsa-angsa golek bandha donya ora mikirake kiwa tengene, uga ira mikirake kahanan bathin 3. Golek bandha iku sakmadya bae, udinen katentreman njaba njero 4. Bandha iku bisa gawe mulya uga bisa gawe cilaka. Gawe mulya lamun barang kang becik, gawe 5. 6. 7. 8. 9. 10. cilaka lamun barang saka panggawe ala Bandha iku anane mung aneng donya, mula yen mati ora digawa Aja sok Lungguh bantal, Mundhak lara Wudhunen Aja Sok Nekuk Banthal, mundhak ora ilok Aja sok jagjagan ana ngamben, mundhak ora ilok Aja sok mangan ana paturon, mundhak lara gudhiken Aja memangan karo teturon mundhak adoh malaekate BAB 3 PANUTUP Mugi manfaat menapa-menapa ingkang kula jabaraken wonten makalah menika. Matur nuwun kalian pamaos,konco-konco, saha para rencang ingkang tansa mbiyantu kula ndamel makalah menika. Nuwun anggihpun kula aturaken kaliyan tiang saha sumber ingak bersangkutan. Nyuwun pangapunten menika kula kathah lepas ing makalah menika. 3.1 Daftar Pustaka https://bambangkhusenalmarie.wordpress.com/2019/04/28/gugon-tuhon-makna-tujuan-danbeberapa-contohnya/ https://jv.wikipedia.org/wiki/Gugon_tuhon