Uploaded by User69169

geguritan

advertisement
Katresnanku Marang Ibu
Ibu
Pagorbananipun panjenengan’[ gedhe sanget
Awit ngandung kula sangang sasi
Ngantos dados manungsa ingkang guna
Lan direwangi ngrasakaken lara
Nalika nglairaken kula
Ibu
Saben dino panjenengan ndidik kula
Saben dino panjenengan ngrumat kula
Ngrumat kanthi rasa sayang lan sabar
Sabar nalika ngadepi solah bawa kula ingkang nakal
Lan terus maringi nasehat kangge kula
Ibu
Kula percoyo
Menawi panjenengan terus ndongakake kula
Saben dina nalika nyuwun marang Gusti
Panjenengan mboten kesupen nyebut jeneng kula
Kangge ndongakake kula supaya dadi manungsa ingkang guna lan manfaat
Ibu
Panyuwun kula marang Gusti
Yaiku saged mbahagiakaken panjenengan
Lan saben dino kula ndonga marang Gusti
Supaya Gusti kersa maringaken pangapunten kangge kalepatan penjenengan
Namung niku ingkang saged kula lakokaken
Kangge ngungkapaken rasa tresna kula marang panjenengan
Matur nuwun Ibu
Download