Uploaded by User33649

pidato sambutan kelas 6jawa

advertisement
Assalamualaikum wr. Wb.
Ingkang dahad kinormatan Ibu kepala sekolah SDN Banjaragung 2
Bapak ibu guru ingkang kulo hormati
Lan konco-konco ugi adek-adek sedoyo kemawon ingkang kulo tresnani
Monggo kito sedoyo sesarengan ngonjukaken puji syukur dumateng Gusti
ingkang Moho Agung, ingkang sampun maringi nikmat kuwarasan
dumateng kito sedoyo, sahinggo saged sesarengan kempal wonten adicoro
perpisahan siswa kelas enam sameniko.
Sholawat salam kagunganipun Gusti Alloh mugi-mugi konjuk dumateng
junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW.
Bapak ibu guru ingkang kulo hormati
Kulo ingkang tinanggenah Bapak guru kagem nyenyulihi konco-konco
keles enem supados ngaturaken matur sembah nuwun kulo sakonco
dumateng Bapak ibu guru ingkang sampun nggulowentah kulo sakonco
dangunipun enem warso wonten pawiyatan meniko.
Kulo sakonco mboten saget maringi menopo-menopo, namung saget
ngaturaken agunging panuwun.
Kulo sakonco inggih badhe nyuwun pangestunipun supados saged ketampi
wonten pawiyatan enggal ingkang sae ingkang sampun dados tujuan kulo
sakonco.
Ugi supados kulo sakonco saged dados tiyang ingkang migunani kagem
keluarga, masyarakat, agomo, ugi bongso lan negoro.
Sejatosipun, kulo sakonco kraos awrat sanget nilaraken pawiyatan meniko.
Kulo gadah sekedik pesen kagem adek-adek kelas setunggal dumugi
gangsal, supados sinau ingkang sregep, supados saged mujudaken citacitanipun ugi dados lare ingkang lantip.
Cekap semanten atur kulo.
Kulo sakonco tartamtu katah kalepatanipun, lumantar kulo, nyuwun
agunging pangapunten dumateng sedoyo kemawon.
Waakhiron Wabilahitaofik walhidayah wassalamungalaikum wr.wb.
Download