Uploaded by common.user32936

BJAWA

advertisement
Drama Bahasa Jawa ''Ande-ande Lumut''
Skenario Drama
“Ande-ande Lumut”
Prolog
(Musik 1 : prolog)
Kadadosan ing Negari ingkang gemah ripah loh jinawi , tata tentrem kerta raharja .
wonten salah sawijining pangeran ingkang gesangipun sarwe kacekapan . pangeran
kala wau inggih punika putra mahkota ingkang bade nglajengake tahta kerajaan .
Ananging pangeran kala wau mboten marem kalih gesangipun ingkang kacekapan .
pangeran kapingin lelono. Nglampahi wono. Pangeran kepingin madosi jati dirine ugi
penggalaman gesang . saking mriku wau kawiwitan lelampahan gesangipun
pangeran ingkang manggihake sisihan gesangipun inggih punika lare wadon ingkang
sae manahipun lan ayu pasuryane.
Bagian 1 :
(musik 2 : di hutan <awal>)
Kalih tiang kaneman mlampah ngelewati wono ingkang rimbun . ningali kanan
keringipun mboten bilih wonten kewan utawi peksi ingkang saget dipun buru.
Kaneman bagus kalihan pandereke. Paneman wau sakyektosipun inggih punika
pangeran ingkang lelono kangge pados jati dirinipun .
(keterangan: Dua orang berjalan waspada melihat keatas dan kebawah, mencari
binatang buruan)
Pangeran
: Jo… bejo… kowe neng endi? jo…. bejo…
Bejo
: Pangeran…. Pangeran…. Panjenengan wonten pundi
pangeran?….
(keterangan: berjalan mundur…. Kemudian bertabrakan bersama, sampai
gelimbungan).
Pangeran
: aduh… kowe kui ati-atio….
Bejo
: hehehe.. ngapunten pangeran… kula mboten ngertos
pangeran enten wingking kula…
Pangeran
: rene Jo rene!!!…. Aku arep cerita.
Bejo
: wonten napa pangeran….
(keterangan: dua orang duduk bersama dan bercerita)
Pangeran
: Kok renek kewan dina iki ya?
Bejo
: Injih pangeran sepi sanget…!!!
(Keterangan : Pangeran dan pengawalnya berdiri, Kaget melihat ada orang di
hadapan mereka)
Pangeran
: Siapa kui jo…
Bejo
: kula mboten ngertos pangeran.
Pangeran
: ngapunten bu , kula bade tanglet?
(keterangan: Yang ditanya diam, tidak menjawab, sibuk dengan kayu bakarnya)
Pangeran
: Kulanuwun… bu….
(keterangan: Pangeran mendekat pada mbok rondo, tiba-tiba mbok rondo kaget
melihat pangeran)
Mbok rondo dadapan : waladalah…. Sapa kowe?..
Pangeran
: kula penggembara bu… ngapunten niki dusun napa?
Mbok rondo dadapan
: Iki dusun dadapan le… kowe arep ngapa neng kene??
Pangeran
: kula bade menggembara bu… ananging kula tersesat
mboten ngertos dalane.
Mbok rondo dadapan
: Wah.. yow wes…kowe melu mbok wae pie le ??tak
dadekne anak angkatku yen kowe gelem.
Pangeran
: Wah.. injih bu kulo purun bu..
Mbok rondo dadapan
: mulai sekiki kowe dadi anakku.kowe
tak jenengke
ande-ande lumut ya le.
(keterangan: Pangeran bersama dengan pengawal dan mbok rondo pergi menuju
rumahnya)
(Musik 3 di hutan < akhir > )
Bagian 2 :
(musik 4 : dirumah keluarga kleting-kleting <awal>)
Wonten injang ingkang terang Mbok rondo kleting nyawiji kalihan putri-putrinipun.
Putri-putri Mbok rondo kleting sanget ayu pasuryane, piyambake inggih punika
kleting merah,kleting hijau ugi salah sak tunggaling putri tirinipun ingkang nami
kleting kuning.
Mbok rondo kleting sanget remen lan tresno kalian putri-putrinipun , ananging
benten kalian kleting kuning, dados putri tiri piyambake sanget dibentenake
katresnonipun. Kleting kuning didawuhi nyapu,ngresiki griya lan ugi nyambut dame
ling sawah . sanget mrihatinake kleting kuning.
(keterangan: datanglah kleting kuning membawa sapu, menyapu dan mengepel
lantai. Duduk di pojok ruangan. Tak lama datang mbok rondo mengawasi kleting
kuning. Disusul sodaranya kelting merah,dan hijau berjalan menuju mbok rondo)
Mbok rondo Kleting
: Anak-anakku sing ayu-ayu…rene ndug
Kleting-kleting
: injih . Mbok…
Mbok rondo
: ngene ndug ana berita sing penting banget…
Kleting merah
: Berita apa to mbok… (dewasa)
Kleting Hijau
: iya mbok enten napa ta??(manja, mendekat sambil
memegang tangan mbok rondo kleting)
Mbok rondo kleting
: kowe ngerti ta… mbok rondo dadapan kui duwe anak
sing bagus banget, jenenge ande-ande lumut.
Kleting-keleting
: Owh… ande-ande lumut…. Bagus!!!! Wahh gelem no….
Mbok rondo klenting
: iyo,, mbok rondo dadapan gawe saembara kanggo anake
ande-ande lumut sing lagi goleki garwo pendampinge…
Klenting-klenting
: wahh ,,,purun sanget bu….
(keterangan :kleting merah dan hijau bersama bergaya manja, centil)
Mbok rondo kleting
: iya… mengko mbok arep dandani kowe-kowe gen dadi
putri sing ayu-ayu, sapa ngerti salah sijine kepilih dadi garwone ande-ande lumut.
Kleting-kleting
: Iya mbok.. purun_purun…
Kleting merah
: wahh mesti aku sing dipilih mengko, kan aku ayu…
Kleting hijau
: ora iso,,!!mesti aku sing dipilih ande-ande lumut dadi
garwone….
Kleting merah
: heh!! Aku kan luwih tua saka kowe…kudune kowe ngajeni
aku dadi mbakyumu…!!!!
Mbok rondo kleting
: wes-wes to!! Rasah padu..anak-anake mbokkan ayuayu,,rasah do udur…!! Gek neng njero,,siap-siap dowan!!!
Kleting-kleting
:injih mbok….
(keterangan: kleting merah,hijau meninggalkan mbok rondo dan masuk kerumah)
Mboten dangu melih , kleting kuning ingkang saking wau mirengake pirembugan
saderekipun , datengi mbok rondo lan dialog.
Kleting Kuning
: Mbok… kulo bade matur…
Mbok rondo kleting
: Matur opo….? Apa kowe wes rampung nyapune ?
Kleting kuning
: Sampun mbok…, ngenten mbok… kula inggih kepingin
nglamar dados garwone ande-ande lumut kados mbakyu-mbakyu klenting.
Mbok rondo kletling
: Owh yow wes..rene tak dandani kowe .
(keterangan: mbok rondo memberikan angus dan bau-bau tidak sedap kepada
Kleting kuning)
Mbok rondo Kleting
: yow wes sakiki kowe ngumbahi klambi-klambine
mbakyumu karo gone mbok neng kali kono.
(keterangan: Mbok rondo mendorong Kleting kuning dengan kasar)
Kleting kuning
: Injih mbok…
(keterangan: Kleting kuning meninggalkan mbok rondo dan menuju dapur)
Mbok rondo Kleting
: Hahaha… muga-muga sing ditrima dadi garwone andeane lumut yaiku salah sijine anak-anakku.. dudu kleting kuning.
(keterangan: mbok rondo kleting tertawa terbahak-bahak, menuju kedalam rumah)
Kleting kuning nampi menapa ing ingkang dipun langkahi kanti sabar dipun
dawuhake mbok rondo kleting ditampa kanti lemah manah .
(musik 5 : dirumah keluarga kleting-kleting <akhir>)
Bagian : 3
(Musik 6 :perjalanan menuju sungai,, suara ghaib <awal>)
Kleting kuning saben dinten nyambut damel ,ngresiki griya,ugi nyambut damel
wonten lading. Mboten karaos sayah lan keluh kesah . sinaos piyambake dipun
damel mboten sae kaliyan mbok rondo klenting. Naming piyambake ugi Gusti Allah
ingkang ngertos sengkowo piyambake . piyambake ngajengaken Gusti Allah bade
maringi ganjaran ingkang sae kangge piyambakipun.
Kleting Kuning
: Duh… Gusti ngenten niki geangipun kula…mugi-mugi kula
saget nampi kanti lemah manah.
(Musik 7 : suara ghaib <tengah>)
Suara Ghaib
: Hai… cah wadon ayu.
Kleting kuning
: Siapa kui…
Suara Ghaib
: Kowe rasah wedi.. aku sifat sae sing ana ing njero awakmu.
…
Kleting kuning
: ameh ngapa kowe?..
Suara Ghaib
: Aku arep menehi kowe pusaka… terimonen … mugo-mugo
pusaka iki keguna karo kowe. Iki jenenge Jimat Kalimosodo. Terimonen cah ayu.
Kleting kuning
: Injih matur nuwun..
(keterangan: Kleting kuning meninggalkan sungai dengan membawa pusaka
barunya).
(Musik 8 : suara ghaib <akhir>)
Bagian : 4
(musik 9 : Yuyu kangkang (awal)
Lan salah sawijining lepen ingkang toyonipun santer , wonten mriku yuyu kangkang
gesang. Piyambake ingkang nguasani lepen menika . piyambakipun si yuyu kangkang
ingkang julik.
(keterangan: Yuyu kangkang sang penjaga sungai sedang mondar-mandir
mengawasi jika ada orang datang).
Yuyu kangkang
: Hohohoho…. Godong waru ko bolong-bolong… bocah ayu
ko moblong-moblong….Sapa kae sing teko??
(keterangan: kemudian datang Kleting Merah dan hijau menuju pinggir sungai)
Kleting merah
: Wah… kaline banjir…
Kleting hijau
: Iya mbakyu… piye carane awake dewe nyebrang??
Kleting merah
: kosek-kosek…….kae ono yuyu kang-kang to????
Kleting hijau
: Wah… iya.. ayo jaluk tulung yuyu kang-kang wae mbakyu..
Kleting merah
: Iya ……….Yuyu kangkang… yuyu kangkang…
Yuyu kangkang
: Hahaha… ana apa cah ayu-ayu…
Kleting merah
: Yuyu kangkang… aku jalik tulung kowe….tolong sebrangke
lewat kali iki…
Yuyu kangkang
: Wah…abot banget kui, tapi enek syarate cah ayu….enek
imbalane
Kleting merah
: imbalane apa to…kon mbayar ngango duit?? Wah kowe
kui mata duitan…
Kleting hijau
: yow wes lah yen duit gampang….mengko tak bayar..
Yuyu kangkang
: dudu duit…aku rak doyan…. Hahaha
Kleting-kleting
: Prett….
Yuyu kangkang
: Imbalane yaiku ngango tangamu..
Kleting merah
: apa tanganku???ameh bok kapakne??
Yuyu kangkang
: ora tak kapak-kapakne…mung tak ambung sitik…
Kleting hijau
: ihhhhh,,,emohh ahh….gilani…
Kleting merah
: iyo,,apa renek imbalan liyane..??mosok tanganku sing wangi
iki bok ambungi??hiiiii
Yuyu kangkang
: yow wes yen wegah…yen suwe-suwe mengko imbalance
nambah…
(keterangan: kleting merah dan hijau berembug)
Kleting merah
: yow wes,,,tapi neng tangan wae,,sedilit tok….
(keterangan: yuyu kangkang menyebrangkan kleting merah. dan hijau bergantian)
Yuyu kangkang
: Wah… seneng banget aku iso ngambung tangane cah wadon
ayu-ayu..
(keterangan: datanglah kleting kuning akan menyebrang)
Yuyu Kangkang
: Hohoho.. apa kui??.. ambune rak enak,,,rupane elek
banget.
Kleting Kuning
: Wah… kok banjir to??pie carane aku iso nyebrang??
Wah kae enek yuyu kangkang,,yuyu kangkang merene.tolong sebrangne aku.
Yuyu kangkan
: Hahaha… aku wegah
Kleting kuning
: mengko tak keki duit…
Yuyu kangkang
: aku wegah… wes kono lungo.. ojo rene meneh!!dasar wung
wadon elek
Kleting Kuning
: alah…kowe kok jahat to Yuyu kangkang…
(keterangan: Kleting kuning mengeluarkan biting)
Kleting kuning
: Yow wes yen kui karepmu. Aku arep gawe kali iki asat.
Dumadaan lepen menika asat , yuyu kangkang kacilakan lajeng kesah tebih. Sak
lajengipun klenting kuning saget lumampah nyebrang lepen menuju griya mbok
rondo dadapan , griyanipun si ande-ande lumut.
(Musik 10 : Yuyu kangkang mati)
Bagian 5
(Musik 11 : dirumah mbok rondo dadapan (awal) )
Salah sawijining dusun ingkang nami Dadapan , mbok rondo nembe nyapu griya ,
wonten ndalem mriku wau si ande-ande lumut nembe ngaji wonten salah sawijining
surau . ngentosi gengantilaning manah ingkang dipun janjiaken Gusti Allah kangge
piyambake.
(keterangan: Mbok rondo sedang menyapu halaman rumah, tiba-tiba datang
rombongan gadis-gadis cantik, kleting merah, biru dan hijau)
Kleting-kleting
: Assalamu’alaikum…
Mbok rondo dadapan
: Wa’alaikumsalam, sapa ya…
Kleting merah
: kula mbok…Kleting Merah
Kleting Hijau
: kula kleting hijau mbok…
Mbok rondo dadapan
: wah.. ono cah wadon ayu-ayu arep ngopo iki??
Kleting-kleting
: Kita arep nglamar Ande-ande lumut mbok…
Mbok rondo dadapan
: Owh.. arep nglamar ande-ande lumut… sek ya… tak
omongne ande-ande lumut…
(keterangan: mbok rondo menyanyikan lagu)
(Musik 12 : kleting merah)
Mbok rondo dadapan
: Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang
ngunggah-unggahi… putrine Ngger sing ayu rupane.. kleting abang iku kang dadi
asmane…
Ande-ande Lumut
: Duh ibu… kulo mboten purun… aduh ibu … kulo
mboten medun… najan ayu sisane si yuyu kangkang.
Mbok rondo dadapan
: Wah… ora gelem ki nduk….
Kleting hijau
: Cobi kulo mbok…
(Musik 14 : kleting ijo)
Mbok rondo dadapan
: Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri
kang ngunggah-unggahi… putrine Ngger sing ayu rupane.. kleting ijo iku kang dadi
asmane…
Ande-ande Lumut
: Duh ibu… kulo mboten purun… aduh ibu … kulo
mboten medun… najan ayu sisane si yuyu kangkang.
Mbok rondo dadapan
: wah… ora glem kabeh kae…
(Tidak lama kemudian, datanglah Kleting Kuning, dari kejauhan sudah tercium bau
yang tidak enak, wajahnya coreng moreng karena debu.)
(keterangan : datanglah Kleting Kuning menuju mbok rondo)
Kleting kuning
: Assalamu’alaikum…
Mbok rondo dadapan
: wa’alaikumsalam… sopo iku ya…
Kleting kuning
: kula Kleting kuning mbok… bade nglamar Ande-ande
lumut.
Mbok rondo dadapan
: Opo.. arep nglamar anakku??? Ora salah to…
Kleting merah
: La iyo… rupamu elek ambumu rak enak.aku wae sing
ayu ditolak kok sansoyo kowe??
Kleting Kuning
: Di coba disik mbok…
(Musik 15 : kleting Kuning)
Mbok rondo dadapan
: Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri
kang ngunggah-unggahi… putrine kang olo rupane.. kleting kuning iku kang dadi
asmane…
Ande-ande Lumut
: Aduh ibu… kulo inggih purun… dalem putro inggih
bade medun, najan olo meniko kang putro… suwun.
Mbok rondo dadapan
: Lo… apa rasalah kowe le tole??
Ande-ande Lumut
: mboten bu niki sampun dadi pilihane kula
(keterangan ; kleting-kleting kusak-kusuk)
Mbok rondo dadapan
: Owh.. yen kui pilihanmu karepmu le..ibu manut wae.
Ande-ande lumut
: Ibu.. kula bade ngomong jujur setunggal hal
Mok rondo dadapan
: Apa kui???
Ande-ande lumut
: Ibu… sak jane iki kulo iku pangeran ingkang
menggembara golek penggalaman urip.
Mbok rondo dadapan
: Apa… pangeran…???
Kleting-kleting
: haa!!!!……???? Pangeran…???
(keterangan; kleting-kleting pingsan)
Pungkasane klenting kuning dados sisishanipun ande-ande lumut ,pasuryanipun
ingkang awon ugi mambet dumadakake dados putrid ingkang ayu , sejatosipun
piyambake inggih punika Putri Sekartaji . Lan ande-ande lumut sakmeniko dados
Raja ngetosi kerajaan Ramanipun . pangeran ugi klenting kuning ,gesang slaras
saklawase.
(Musik 16 : penutup )
Selesai
Download