Nama:Triwik Damarjati Guru Bahasa Jawa SMAN 1 Yogyakarta Jl

advertisement
Nama:Triwik Damarjati
Guru Bahasa Jawa
SMAN 1 Yogyakarta
Jl.HOS.Cokroaminoto no.10 Yogyakarta
HP.081578744754
Sesakit Jawa
Cariyos turun temurun bab gugon tuhon ngengingi Ibu ingkang nembe babaran lan
sesakit ing basa Jawa,ingkang katingal saking ilmu kedokteran, kapendhet saking
maneka warni sumber,inggih punika:
1.
Ibu mbobot boten pareng tilem ing wanci siyang.
Amargi manawi asring tilem ing wanci siyang badhe angel anggenipun babaran lan
badhe kathah ngedalaken rah manawi babaran. Tilem ing wanci siyang tumrapipun
ibu ingkang nembe mbobot kaanggep tilem kaliyan genderuwo. Kosok wangsulanipun
ing ilmu kedokteranipun ibu mbobot menawi saged tilem lan ngaso ing wanci siyang
mangkenipun nyababaken lancar anggenipun babaran.
2. ASI ingkang sepisanan medal toyanipun boten pareng dipunparingaken dhateng
bayi,wonten pamanggih bilih toya ASI ingkang medal sepisanan kaanggep racun. Kosok
wangsulanipun ing ilmu kedokteranipun ibu maringaken ASI sepisanan dhateng
bayinipun punika sae sanget amargi toya ASI ingkang sepisanan ngemot colustrum,toya
ASI medal sepisanan ingkang warni jene bening ngemot kandhutan zat kebal kangge
bayi ugi ngemot kandhutan gizi ingkang trep kaliyan kabetahanipun raganipun si
jabang bayi
3.
Bayi dipundulang ngangge sekul kauleg lajeng dipunparingi gendhis jawi utawi pisang,
lajeng dipunparingi toya tajin (toya kangge ngaru utawi ngliwet sekul). Kosok
wangsulanipun ing ilmu kedokteranipun ibu maringaken tetedhan bayi saderengipun
umur enem wulan badhe ndamel kerisakan (rambut) ing usus ingkang alus,amargi
usus alus gadhah mupangat kangge nyerep dhaharan.Menawi usus ingkang alus wau
kaganggu badhe nyababaken kapitunan inggih punika ngganggu kasarasan si jabang
bayi.Saderengipun umur bayi enem wulan naming saged nyerep cairan kadosta ASI.
4. Ibu ingkang nembe babaran lajeng nusoni bayinipun boten pareng dhahar ingkang
amis-amis kadosta ayam,ulam,tempe,tigan mindhak amis utawi arus popok bayinipun
lan mindhak kulitipun ibu ngraosaken gatel. Kosok wangsulanipun ing ilmu
kedokteranipun ibu mbobot ngantos lairan prelu dhahar ingkang ngandhut gisi
kadosta ayam,ulam,tempe,tigan lansapanunggilanipun,supados ibu saha bayinipun
bagas waras lan bayinipun pinter.
5. Ibu ingkang nembe mbobot boten pareng dhahar urang mangke mindhak rekaos (angel
lair)manawi babaran,mbokmanawi urang mlakunipun mundur dados ajrih manawi
bayi angel lairipun (mundur-mundur). Kosok wangsulanipun ing ilmu kedokteranipun
ibu mbobot ngantos lairan prelu dhahar ingkang ngandhut gisi protein inggil kadosta
urang.Supados bayinipun tuwuh normal,sentosa lan pinter.
1
6.
Kuah utawi duduh godhogan ayam saged ndamel enggal medal bintik-bintik abrit
ingkang kasebat gabag utawi campak. Campak, gabag utawi morbili minangka sesakit
ingkang nular amargi virus.Gejalanipun saderengipun tiyang ingkang sakit ngedalaken
bintik-bintik abrit, tiyang wau gembrebeg benter sadangunipun tigang
dinten.Kadhangkala virus campak nyerang selaput lendhir ndamel watuk lan
pilek,selaput paningal (conjunctiva) ndamel radhang selaput paningal.Manawi virus
mlebet ing saluran pencernaan nyababaken mencret. Dadosipun campak boten wonten
sasambetanipun kaliyan duduh godhogan ayam. Campak saged mantun piyambak
manawi kondisi badanipun tiyang sakit wau cepet pulih saras(self limited
disease).Sakit campak dipuntanggulangi kanthi imunisasi,ngaso lan dhahar ingkang
inggil kalori lan protein.
7. Blawu minangka obat sakit gondhongen (Parotitis Epidemika/Radang Kelenjar Ludah)
Gondhongen kawiwitan gejalanipun inggih punika benter inggil sinartan abuh ing
sakupengipun talingan. Virus ingkang nyababaken gondhongen saged nuwuhaken
komplikasi gagal ginjal,gagal jantung,lan gabug utawi mandhul.Tuladhanipun
komplikasi kadosta : Gagal ginjal, gagal jantung lan mandhul (gabug). Miturut
saperangan tiyang Jawi,sakit gondhongen saged kimpes manawi dipunborehi ngangge
blawu. Gondhong saged mantun piyambak manawi kondisi badanipun tiyang sakit wau
cepet pulih saras(self limited disease).Sakit gondhong dipuntanggulangi kanthi ngaso
lan dhahar ingkang inggil kalori, protein lan ngunjuk obat anti virus resep saking
dokter.
8. Salah urat (kesliring/kecethit/keseleo) ingkang nyababaken meriang,benter,watuk lan
pilek pramila saperangan tiyang Jawi ngusadani kanthi dipunpijet urut ing dhukun
urut.Ing ilmu kedokteran lare benter kaanggep wonten kuman penyakit ingkang
mlebet ing badan (infeksi amargi virus utawi bakteri). Pilek lan watuk mratandhani
wonten infeksi ing saluran napas. Penyakit punika kedah enggal dipunparingi obat
kanthi resep dokter boten naming dipunpijeti kemawon.
9.
Diare,mencret,sang- sing . ising-isingen utawi ngentheng-enthengi minangka pratandha
bilih bayi badhe mindhak pinter.Pramila saperangan tiyang Jawi nganggep manawi
bayi kalawau upaminipun badhe saged mlampah dipundangir kanthi ising-isingen.Ing
ilmu kedokteran diare kedah enggal diusadani supados boten kekirangan toya cairan
(dehidrasi),amargi diare kasebabaken infeksi virus, bakteri utawi amoba.
Pramila bayi kalawau saderengipun dipunbeta dhateng griya sakit langkung rumiyin
dipunparingi mimik cairan gendhis pasir lan sarem.
10.
Air kencing utawi toya pipis (urine) minangka obat sakit paningal utawi (belek)
Belek kasebat penyakit infeksi selaput mata, kasebabaken dening virus utawi bakteri
(Conjunctivitis). Manawi belek ingkang kasebabaken dening virus,badhe mantun
piyambak manawi kondisi badanipun tiyang sakit wau kiyat lan sehat.Ing Ilmu
kedokteranipun manawi paningal dipunraupi toya pipis,mangkenipun nyababaken
penyakitipun belek langkung mbrabak (iritasi)boten enggal mantun.
11.
Pantang dhahar amis kangge tiyang ingkang sakit koreng benyek utawi tiyang ingkang
bibar dipunsupit.Dhahar amis kadosta ulam loh,gereh,daging ayam,lembu lan tigan
nyababaken sakit koreng benyek lan tiyang supit wau boten enggal mantun
2
(nyenyehen)
Ing ilmu kedokteran dhahar amis kalawau sae kangge kasarasan badan, amargi ngemot
protein inggil.Protein inggil saged ndadosi sel-sel ingkang risak amargi tatu.
Idu bacin inggih punika idu ingkang kaedalaken sasampunipun tilem dalu lan dereng
sikatan ngangge odol,miturut saperangan tiyang Jawi saged kangge ngusadani sakit
korengen utawi nyenyehen. Ing Ilmu kedokteranipun manawi tatu dipunleleti idu
bacin,mangkenipun nyababaken penyakitipun koreng langkung mbrabak (iritasi)boten
enggal mantun.
12.
13.
Ayan (Epilepsi) miturut saperangan tiyang Jawi inggih punika sesakit ingkang nular
lan boten wonten obatipun.Pramila tiyang ingkang kenging sakit ayan idunipun saged
nularaken sakit ayan. Epilepsi kasababaken kelainan ing otak (susunan saraf pusat).
Gejalanipun kejang-kejang sinartan tutukipun ngedalaken idu ngantos munthuk.Ing
ilmu kedokteran ayan saged dipunusadani kanthi ngunjuk obat anti epilepsi kanthi
ajeg.Ayan boten nular lan saged dipunobati ngantos saras.
Anyang-anyangan’ sakit wonten ing (nyeri tumpul ing padharan sisih ngandhap) miturut
saperangan tiyang Jawi amargi ngunjuk toya mentah utawi ngunjuk benter lan ngunjuk es
kanthi imbal-imbalan. Ing ilmu kedokteran minangka satunggaling simptom saking infeksi
saluran kemih (UTI = Urinary Tract Infection).
14. Berengen, ing basa Inggris nyebat ‘perleche’ (saking tembung basa Perancis ‘lecher’
ingkang maknanipun ndilat (ingkang sakit remen ndilati berengipun). Ing basa medis,
kasebat ‘angular cheilitis’ (angular = sudut, cheilitis = radang bibir).
15. Canthengen, inggih punika infeksi (peradangan) ing pinggir kuku driji asta utawi driji
suku. Ing basa medis kasebat ‘paronichia’.
16.
‘Timbilan’ utawi ‘bintitan’ sesakit ing pinggir kelopak paningal ( peradangan tepi
kelopak mata ing muara kelenjar mata). Basa medisipun ‘hordeolum’.
17. Range utawi ing basa Indonesianipun kutu air.Rangen dipunsababaken jinisipun jamur.
18. bidhuran (Ing basa Inggris kasebat ‘hives’)
19. Kelilipan (kalebetan bledug debu utawi barang ,benda alit ing salebetipun paningal.
20. Ketelusupan (kalebetan benda alit ingkang lincip ing salebetipun kulit)
21. Selilitan (serat tetedhan ingkang nylilit utawi selip lan nyangkut ing sela-sela waja)
22. Kancingan (sakit tenggorokan satemah angel ngulu tetedhan).
23. Kecethit utawi tengeng (Ing basa Indonesia asring kasebat ‘salah bantal’).
24. Meniran (bisul-bisul alit ing salebetipun tutuk)
25. Kreminan (cacing kremi ing salebetipun usus).
26. Pancingen (sakit adhem panas lan nyeri tenggorokan)
27. Kapalan (Ing basa Inggris: callus)
3
28. Tlusuben (ing basa Inggris kasebat ‘splinter’).
29.
30.
31.
32.
33.
34.
35.
36.
37.
Kenger=nyeri gulu
Kecengklak = keseleo
Watuk=batuk
Masuk angin=masuk angin
Kringet buntet utawi kringet buncret=mruntus bintik-bintik ing kulit
Sumbuken=jinisipun penyakit kulit ing sirah
Lara wuyung=nembe nandhang asmara “jatuh cinta”
Bocor alus= sakit edan,kenthir “gila”
budhug jinisipun penyakit kusta
38. Tasih wonten nama-nama penyakit ing istilah basa Jawa sinartan tandha-tandhanipun
(gejala) ingkang kapendhet saking mawarni-warni sumber kadosta:
Mimisan,jengkolen,kamitetep,kamisiseten,kutilen,siwilen,bebelen,sawan
celeng,caplaken,kancilen,kloloden,kukulen,kadasen,boroken,sindaben, ketiban
bel/belekan,dengkek,gendheng, ,gendhelen,kopoken,wudunan, tumanen,nggrajag
getih,mengguk,cekoh,angin dhudhuk,kapalen,udune mateng/menter-menter, kringet
buntet,peh-e medhun,untune sundha-sundha(gingsul).Tandha-tandha ingkang karaosaken
tiyang Jawi nalika nandhang sakit inggih punika tuladhanipun:
Nggregesi,gembrebeg,ndrodhog,buyuten,jantunge kedher,gringingen,adhem panas,kulit biru,
mata rembes,ababe kecing,entute mambu,ngengekke atos kaya watu,mangsur, sebah
,kemramyas,wetenge mbayak-bayak, wetenge mblabak,mungkug-mungkug,kupinge mbengung
semlenget, gatele nguyap,ngethok-ngethok,ususe muntir,nggliyer,prepet-prepet,klemunklemun,ngayang-ayang,mbrambangi, muntah kuwaya, mungkugmungkug,gumoh,ngiler,ngeces,metu kucinge ,nglentruk,ndrodhog,wetenge kluruk,balunge kaya
dilolosi,awake kaya dipupohi,muntah getih, lan sapanunggilanipun.
4
Download